Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos

- 13 Januari 2023, 06:49 WIB
Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos
Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos /pexel.com/Jan van der Wolf/

Widya manthuk-manthuk tandha ngerti apa sing dikarepake ibune.

Dina candhake Widya mbukaki lemari sing ing njerone sinimpen klambi-klambine wiwit jaman isih cilik biyen.

Kebeneran dina kuwi sekolahe lagi diliburake amarga gurune akeh sing ngeterake siswa kelas VI kang nindakake study tour menyang Kraton Surakarta.

Sawise dipilah dipilih wekasane ditemu sauntara klambi sing senajan wis nate dienggo dening Widya nanging wujude isih resik. Malah ana sandhangan sing kasil ditemu dening Widya kang babar pisan durung nate dienggo.

 “Wis, ndhuk?” takone ibune.

“Dereng, Bu. Kirang sekedhik malih,” wangsulane Widya sinambi terus milihi lan milah klambi sing bakale disumbangake.

Sawise udakara setengah jam anggene milihi sandhangan wis rampung. Saiki ganti Widya dadi bingung kepriye carane nyumbangake sandhangane mau.

“Lajeng kados pundi carane supados sandhangan niki saged dugi ngrika, Bu?”

“Sandhangan iki diwadhahi menyang njero kerdhus. Mengko yen wis banjur dilakban soklat supaya rapet. Aja nganti lali ditulisi alamate pisan. Yen wis pepak persyaratane banjur diterke menyang kantor pos, Ndhuk.

“Kantor pos? Widya ndherek pareng, Bu?”

Halaman:

Editor: Septyna Feby

Sumber: mamikos.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x