Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos

- 13 Januari 2023, 06:49 WIB
Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos
Simak! Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa, Widya Dolan Menyang Kantor Pos /pexel.com/Jan van der Wolf/

Ibune manthuk alon.

“Hore…hore Widya nderek ibu menyang kantor pos.”

Watara rong jam candhake Widya lan ibune wis ana ing kantor pos sing jarake udakara sakilo meter saka omahe. Widya lan ibune diterake dening bapake kanthi nitih mobil.

Rikala ing kantor pos iku mau Widya ngerti yen jinis-jinise kiriman iku beda-beda. Ana sing tekane patang dina lan ana uga sing tekane mung rong dina.

Ora mung iku wae, dina kuwi Widya uga ngerti yen saya cepet tekane barang kiriman, regane sing dibayar uga luwih larang.

Isih ana ngelmu anyar sing ditampa dening Widya rikala ndherek ibune menyang kantor pos.

Wektu kuwi sawise milih jinis kiriman lan ditimbang bobote kiriman. Mripate Widya mblalak kalane ngulati angka sing kudu dibayar dening ibune.

Masia rada eman nanging rasa sing kaya mangkono disingidake ing njero atine. Ana rasa ora ikhlas kang dirasakake dening Widya sabubare ngerti biaya kirim paketane.

Ing njero mobil Widya rada protes marang pilihan jinis kiriman sing dipilih dening ibune.

“Bu, wau kok milih ingkang cepet ta, Bu, Upami milih sing sanese lak saged radi murah?”

Halaman:

Editor: Septyna Feby

Sumber: mamikos.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x