KETAWA DULU! Kumpulan Cerita Lucu Bahasa Jawa Bikin Nggak Berhenti Ngakak, Stress Langsung Hilang

- 1 April 2023, 09:53 WIB
KETAWA DULU! Kumpulan Cerita Lucu Bahasa Jawa Bikin Nggak Berhenti Ngakak, Stress Langsung Hilang
KETAWA DULU! Kumpulan Cerita Lucu Bahasa Jawa Bikin Nggak Berhenti Ngakak, Stress Langsung Hilang /Canva/Kaisar Victrio/

INFOTEMANGGUNG.COM – Sedang mencari cerita lucu bahasa jawa yang bikin tidak berhenti ngakak? Jangan sampai melewatkan cerpen bahasa jawa di artikel ini karena diambil dari tokoh fiktif terkenal. Ceritanya sudah banyak ditulis dan disiarkan di radio pada sejak era 70an dan masih eksis sampai sekarang.

Cerita lucu bahasa Jawa yang ada di artikel ini bersumber dari cerita Trio Burulu (Bunali Rukem Lumut) karya Kaisar Victorio yang pernah disiarkan di Radio Suzana Surabaya. Cerita ini tidak berisi tokoh-tokoh mainstream seperti komedi kebanyakan melainkan karakter yang benar-benar unik dan tidak ada saingannya.

Baca Juga: Ide Dongeng Lucu Sebelum Tidur Buat Pacar, Surat Cinta Salah Alamat!

Tokoh sentral cerita lucu bahasa Jawa ini adalah Mbah Wonokairun, kakek-kakek berumur 70 tahun yang menolak tua, bertingkah konyol, dan sok gaul. Di radio, suara celoteh rentanya selalu mengundang gelak tawa. Nah, mau tahu apa saja tingkah konyol Mbah Wonokairun dan gerombolannya? Simak sampai habis, ya!

Cerita Lucu Bahasa Jawa Wonokairun Ngumbah Kucing

Bunali: “Mbah, kok dungaren sampeyan umbah-umbah dhewe?” takok Bunali.

Wonokairun: “Aku katene ngumbah kucing.” jare Wonokairun.

Bunali: “Gak salah tah, Mbah?” Bunali bingung.

Wonokairun: “Iyo, soale kucingku akeh tumone.” Jare Wonokairun.

Bunali: “Wah, yo, isok matek kucing sampeyan, Mbah.” Bunali ngilingno.

Wonokairun: “Lho, koncoku wingi ngono, ...gak opo-opo, kok.” jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sesuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.

Bunali: “Yok opo kucing sampeyan, Mbah?” takok Bunali.

Wonokairun: “Kucingku matek!“ jare Wonokairun.

Bunali: “Lho lak temen ta... Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo.” jare Bunali nyeneni.

Wonokairun: “Kucingku matek gak mergo rinso!” jare Wonokairun njelasno.

Bunali: “Lha opok’o kok matek??” Bunali gak sabar.

Wonokairun: “Tak peres.....”

Baca Juga: Cerita Liburan Sekolah dalam Bahasa Inggris dan Artinya: Visiting Zoology Museum, Bogor

Cerita Lucu Bahasa Jawa Wonokairun: Stasiun

Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.

Wonokairun: “Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?” takok Wonokairun.

Brudin: “Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau...” jare Brudin.

Wonokairun: “Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung? takok Wonokairun.

Brudin: “Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur” jare Brudin.

Wonokairun: “Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung?” takok Wonokairun.

Brudin: “Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale. Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno, sampeyan iku sakjane arep nang endhi? ” Brudin bingung.

Wonokairun: “Arep nyabrang...”

Cerita Lucu Bahasa Jawa Wonokairun: Numpak Bis Kota

Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah.

Brudin: ”Lho mbah, kate nang endhi ?” Brudin nyopo.

Wonokairun: “Nang pasar turi arepe tuku klambi.” jare Wonokairun.

Brudin: “Lungguh kene lho, mbah” Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun.

Wonokairun: “Wis gak usah !! Kon lungguh ae !!.” jare Wonokairun.

Brudin wis kadung ngadhek malih lungguh maneh.

Brudin: “Lungguh kene lho, mbah” Brudin ngadhek maneh nawakno kursine.

Wonokairun: “Wis gak usah !! Kon lungguh ae !!.” jare Wonokairun.

Brudin wis kadung ngadhek malih lungguh maneh.

Brudin: “Lungguh kene lho, mbah” Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine.

Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari lungguh.

Wonokairun: “Wis tak warah kon lungguh ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!” jare Wonokairun.

Brudin nesu pisan.

Brudin: “Mbah, aku nawakno lungguh iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki arep mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon lungguh maneh. Saiki selak omahku kebablasen!”

Baca Juga: Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen

Nah, itulah tadi cerita lucu bahasa Jawa yang dijamin membuat tertawa tanpa henti. Membaca cerita lucu banyak manfaatnya, lho. Salah satunya menghilangkan stress, meningkatkan mood baik, dan menumbuhkan semangat positif. Jadi, terus membaca, ya!***

Disclaimer: INFOTEMANGGUNG.COM tidak mengijinkan artikel dicopy paste atau dilakukan sindikasi dengan alasan apapun.

Sumber: duniakaisar.blogspot.com

Editor: Nadia Rizky Kusuma Kurniandini

Sumber: duniakaisar.blogspot.com


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah