Wonokairun: “Iyo, soale kucingku akeh tumone.” Jare Wonokairun.
Bunali: “Wah, yo, isok matek kucing sampeyan, Mbah.” Bunali ngilingno.
Wonokairun: “Lho, koncoku wingi ngono, ...gak opo-opo, kok.” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sesuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
Bunali: “Yok opo kucing sampeyan, Mbah?” takok Bunali.
Wonokairun: “Kucingku matek!“ jare Wonokairun.
Bunali: “Lho lak temen ta... Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo.” jare Bunali nyeneni.
Wonokairun: “Kucingku matek gak mergo rinso!” jare Wonokairun njelasno.
Bunali: “Lha opok’o kok matek??” Bunali gak sabar.