INFOTEMANGGUNG.COM - Artikel ini akan mengulas SOAL USP Bahasa Jawa Kelas 12 2023 lengkap dengan jawabannya dengan tujuan untuk bahan belajar siswa saat sedang ujian atau ulangan.
Baca Juga: Kumpulan SOAL USP Biologi Kelas 12 PDF 2023, Soal dan Jawaban Ujian Sekolah Biologi SMA Tahun 2023
Pembahasan ini bisa digunakan untuk murid yang saat ini masih sekolah sebagai sarana belajar murid.
Dengan dibahasnya kumpulan soal ini, diharapkan siswa dapat dimudahkan dalam proses belajarnya.
SOAL USP Bahasa Jawa Kelas 12 2023 akan dipaparkan dengan lengkap dengan maksud untuk membantu murid dalam kegiatan belajar.
Pemaparan soal ini sifatnya hanya sebagai pilihan dan tidak untuk dimanfaatkan mencontek saat ulangan.
Inilah pembahasan mengenai SOAL USP Bahasa Jawa Kelas 12 2023:
1. Kang diarani unggah-ungguh basa yaiku...
a. undhag-undhage basa kang ora ngandhut tata krama
b. undhag-undhage basa kang ngandhut tata krama
c. Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata krama
d. undhag-undhage basa tulis ngandhut tata krama
e. undhag-undhage bahasa isyarat kang ngandhut tata krama
Jawaban: B
2. Ragam unggah-ungguh basa ana ing ngisor iki, kajaba.....
a. Ngoko lugu d. Ngoko Alus
b. Krama lugu e. Krama Alus
c. Krama madya
Jawaban: C
3. Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...
a. basa ngoko kang kecampuran ragam basa krama alus
b. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus
c. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngoko
d. basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina
e. basa ngoko kang tembunge basa rinengga
Jawaban: A
4. Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani…
a. ngoko alus d. krama lugu
b. krama alus e. krama inggil
c. ngoko lugu
Jawaban: C
5. Basa kang digunakake marang wong sing sadrajat amarga durung raket yaiku…
a. ngoko alus d. krama lugu
b. krama alus e. krama inggil
c. ngoko lugu
Jawaban: D
6. Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
a. krama d. krama alus
b. ngoko e. madya lugu
c. ngoko alus
Jawaban: C
7. Bapak nembe kemawon...kulo mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep yaiku...
a. tilem d. bobok
b. turu e. merem
c. sare
Jawaban: C
8. Kula sampun.....menawi mboten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
a. ngomong d. ngendika
b. kandha e. ngucap
c. matur
Jawaban: C
9. Ukara-ukara ing ngisor iki luput unggah-ungguhing basa, kajaba...
a. Eyang sakit waja sampun tigang dinten
b. Putranipun Bu Nanik dipun tampi wonten UGM
c. Kula badhe tindak dhateng Madiun
d. Ageman kula sampun kathah
e. Adhik dhahar pisang goreng
Jawaban: B
10. Menawa omongan karo wong sing luwih tuwa sing kurang pengalaman, prayogane kudu...
a. ngetokake kapinterane d. ngremehake
b. tetep andhap asor e. nganggep bodho
c. pamer kabisane
Jawaban: B
Baca Juga: Banyaknya Rusuk pada Prisma Segienam Adalah, Matematika, Kunci Jawaban
11. Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.
a. ngombe d. ngeglak
b. ngunjuk e. nenggak
c. nyruput
Jawaban: A
12. Bab kang ora digatekake nalika nulis teks pacelathon (drama) yaiku…
a. gawea salah siji tema kang bakal digawe drama
b. nemtokake paraga lan wewatakane paraga kasebut
c. nggawe alur carita, adegan, lan pacelathon saka paraga
d. nulis ubarampe kang bakal digawe
e. nemtokake latar wektu lan papan panggonan carita
Jawaban: D
13. Adhiku durung gelem mlebu sekolah“. Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...
a. Adhiku durung gelem mlebet sekolah.
b. Rayi kula durung gelem mlebu sekolah
c. Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah
d. Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah
e. Rayi kula durung purun mlebet sekolah
Jawaban: D
14. Kang diarani cerkak yaiku karangan cekak kang awujud...
a. pawarta d. serat
b. geguritan e. tembang
c. gancaran
Jawaban: C
15. Ciri-ciri cerkak yaiku…
a. critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dingerteni
b. critane dawa, isine padhet, basane gampang dingerteni
c. critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dingerteni
d. critane dawa, isine cekak aos, basane mentes
e. critane sakeplasan, isine padhet, basane endah
Jawaban: C
16. Cerkak kabentuk saka unsur-unsur intrinsik kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...
a. latar d. tema
b. kondisi sosial e. plot
c. penokohan
Jawaban: B
17. Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku…
a. alur d. amanat
b. tema e. latar
c. paraga
Jawaban: D
18. Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani…
a. panggonan d. alur
b. latar e. tema
c. paraga
Jawaban: B
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi trep!
Ayahe Sadewa
Dening: Eni Siti Nurhayati
Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak request dadi pacarku? Eman, kalah cepet karo sapa iku?“
Atiku mbatin, masa ta, kok Yuni ora nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep sekolahan. “Nuwun ya, Mas, wis diterke,” kandhaku.
Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dino iki bola-bali katon ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan sesuke manehna wae alesane Mas Bima methuki aku. Ngeterke sepedhah, takon perkembangan Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak eyange. Aku seneng ae nampa tekane. Nganti wengi iki ama SMS mlebu: Bu guru, eh Dhik Arini, saupama njenengan tak jak ning Bali piye? Kersa, ta? Bales, hlo! Dudu merga aku nggolekne ibu kanggo Sadewa, nanging atiku kadhung kepilut njenengan. Maca SMS sing keri iki, atiku kok sajake kapilut sisan. Hlo, mlebu maneh SMS: Nang
Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene aku kudu piye?
19. Manut cerkak ing dhuwur pakaryane paraga Arini, yaiku...
a. dokter d. karyawati swasta
b. guru e. karyawan kantor
c. bidan
Jawaban: B
20. Ing ngisor iki sing ora kalebu alesan Bima kerep methuki Arini yaiku...
a. ngeterake sepedhah
b. takon perkembangane Sadewa
c. mamitke Sadewa
d. ngeterake bukune Sadewa
e. ngeterake Sadewa sekolah
Jawaban: A
21. Isine SMS saka Bima marang Arini yaiku...
a. ngajak Arini bebrayan
b. ngajak Arini dolan
c. mamitke Sadewa
d. takon perkembangan Sadewa
e. nyritakake Sadewa diajak
Jawaban: A
22. Tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg nyebabake hawane sansaya kekes. Tembung kekes ing ukara kasebut tegese...
a. sumuk d. wedi
b. panas e. sumelang
c. adhem banget
Jawaban: C
23. Sawise memilih tema, bab kang ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
a. nemtokake paraga lan watak paraga
b. nemtokake alur cerita
c. nemtokake latar cerita
d. nemtokake pamawas
e. pilihan tembung
Jawaban: A
24. An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah apa bener?“ pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep yaiku...
a. Rani takon marang Ani menawa ibune gerah
b. Rani takon marang Ani kapan ibune gerah
c. Rani takon marang Ani ngenani bener apa ora yen ibune gerah
d. Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
e. Rani takon marang Ani menawa apa ibune ora gerah
Jawaban: C
25.Bab kang pungkasan ditindakake nalika nulis cerkak yaiku...
a. nemtokake paraga lan watak paraga
b. nemtokake alur cerita
c. nemtokake latar cerita
d. nemtokake pamawas
e. Pilihan tembung
Jawaban: E
26. Pambéda ageman sinjang antawisipun gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta inggih menika .....
A. Ngayogyakarta sèrèt ing lebet, Surakarta sèrèt ing jawi
B. Ngayogyakarta sèrèt ing jawi, Surakarta sèrèt dipun lebetaken
C. Ngayogyakarta sèrèt ing jawi, Surakarta sèrèt ugi sami ing jawi
D. Ngayogyakarta sèrèt mboten ngagem, Surakarta sèrèt dipun lebetaken
E. Ngayogyakarta sèrèt mboten ketingal, Surakarta sèrèt ugi mboten ketingal
Jawaban: B
27. Ingkang dipunwastani kain wiron inggih menika .....
A. kain batik ingkang dipun linting ing sisih pinggir saèmpèr kados kipas
B. kain kados jarik kagem tapihan
C. minangka panjangkep kebaya
D. kain ingkang kados kipas
E. kain jarik
Jawaban: A
28. Adatipun miru sinjang cara Shalat, jarik ing sisih pinggir warni pethak dipun papanaken ing .....
A. sajawining lempitan / wiron
B. dipuntekuk ing jawi
C. salebeting lempitan
D. sangandhap kemiri
E. sangajeng padharan
Jawaban: C
29. Kain ingkang dipun wiron kedah dipun betahaken ..... saking wiyaripun kain.
A. 2 cm D. 3 driji
B. 7 lempitan E. 1/3
C. setengah
Jawaban: E
30. Wiyar wiron kagem tiyang putri kirang langkung .....
A. 5 cm D. 2 driji
B. 3 cm E. 5 driji
C. sak telapak tangan
Jawaban: D
31. Kain sinjang ingkang sisih lebet dipunwastani menapa ?
A. ngéngréngan D. terusan
B. sèrèt pethak E. ceplok
C. gurdha
Jawaban: D
32. Tiyang putri menawi ngagem rasukan adat Jawa, prayoginipun dipunwiwiti ngagem .....
A. cenéla D. sinjang
B. sanggul E. kebaya
C. stagen
Jawaban: A
33. Nalika badhé ngagem sinjang, menapa ingkang kedah majeng setunggal kados menyilang ?
A. Asta D. Mustaka
B. Bangkèkan E. Suku
C. Awak
Jawaban: E
34. Wiron tiyang putri dhawah ing .....
A. ngajeng
B. ngajeng siring tengen
C. ngandhap
D. nyamping
E. ngajeng siring kiwa
Jawaban: B
35. Stagén tumrap tiyang kakung saged dipun wastani menapa ?
A. timang D. lontong
B. cenéla E. kamus
C. surjan
Jawaban: D
36. Serat Wedhatama Kaanggit dening .....
A. KGPAA Mangkunegaraan IV
B. KGPAA Hamengku Buwono IV
C. KGPAA Paku Alam IV
D. Prasetya Eka Purnomo
E. KI Hajar Dewantara
Jawaban: A
37. Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
Tembang ing dhuwur kalebu tembang .....
A. Mijil D. Durma
B. Maskumambang E. Kinanthi
C. Pocung
Jawaban: C
38. Kang kalebu guru Wilangan lan Guru lagu tembang macapat Pocung yaiku .....
A. 12i, 6a, 8u, 13e D. 12u, 6a, 8i, 12a
B. 12u, 6a, 12a, 8i E. 6a, 8i, 12a, 12u
C. 12u, 12a, 6a, 8i
Jawaban: D
39. Ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
Wos Surasane tembang ing dhuwur, yaiku .....
A. golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
B. golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa
C. bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sifat kang ala
D. yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
E. golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sifat ala supaya bisa kasil
Jawaban: E
40. Angkara gung neng angga anggung gumulung tegese .....
A. manungsa iku bakal urip ing telung alam
B. angkara murka kang dumunung ing awake dhewe
C. aja mihak marang wong kang tumindak culika
D. yen tumindak ala ora dikendaleni bakal nyilakani
E. angkara yen ora dikendaleni bakal nuwuhake prakara
Jawaban: B
Itulah penjelasan mengenai SOAL USP Bahasa Jawa Kelas 12 2023. Silahkan gunakan secara informasi ini.
Jadikan sebagai referensi belajar saja dan jangan gunakan untuk kebutuhan mencontek di kelas. Jawaban ini juga tidak menjamin 100% benar.***