Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen

- 14 Januari 2023, 21:42 WIB
Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen
Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen /Pexels/Pixabay/

“Wah, Denok, kok dadi pinter masak, iki? Enak tenan, lho, Nduk. Wes, saiki yen preinan sekolah, belajar masak wae koyo ngene, Nduk. Bapak seneng iki,”

Nyawang bapak telap-telep kok yo bungah atiku. Wes ora popo ora lungo menyang ngendi-ngendi, aku malah entuk ilmu anyar iki. Ilmu masak rawon nganggo resepe simbah.

2. Godeh Pero Mangewunan

Kabeh wong wes ngerti yen senenganku kui wisata kuliner. Yen lungo-lungo, aku ora mentingke blonjo klambi utowo oleh-oleh, aku luwih penting kuliner kui mau.

Ora kudu sing larang, sing murah ning enak yo ora popo. Contone koyo panganan sing siji iki. Sakjane iki panganan biasa, ning embuh kepriye rasane ki iso enak tenan.

Ceritane, aku lagi lungo menyang omahe dulurku sing ning Bojonegoro. Dulurku kui ngerti yen aku bakale golek panganan khas kota Bojonegoro.

Aku diajak kuliner malam ning warung sego sing yen tak sawang ora mbejaji. Warunge cilik, bangunane soko gedek, terus lokasine kui ning pinggir lapangan.

Warung kui ternyata cuma dodol sego lodeh. Aku rodo ragu-ragu, opo iyo sego lodeh ki semono enake. Bakule nyodorke piring isi sego panas digebyur karo duduh lodeh isi terong ijo, kacang panjang, Lombok ijo, lan tempe goreng panas jumlahe loro.

Tak jajal, ternyata tenan. Rasane ki gurih, pedes, ora ngewareki, lan tempene yo gurih. Wah, cocok tenan naliko weteng luwe. Pas wektune mbayar, sego lodeh kui mau regane yo murah. Sak piring cukup limang ewu.

“Eh, lha godeh pero ki mau maksude opo,” pitakonku ning sedulurku

“Maksude, sego lodeh tempe loro, limang ewunan,”

Halaman:

Editor: Septyna Feby

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah