2 Contoh Cerita Liburan Dalam Bahasa Jawa Krama Alus, Tema Liburan di Rumah dan Melakukan Kegiatan Bermanfaat

- 13 Januari 2023, 20:08 WIB
Contoh Cerita Liburan Dalam Bahasa Jawa Krama Alus
Contoh Cerita Liburan Dalam Bahasa Jawa Krama Alus /Pexels.com / Katerina Holmes/

Ibune kulo sadean jajanan pasar utawi kue basah. Sadeanipun wonten ing teras griyo. Amargi niku, sakrampungipun ngrawati pekarangan, kulo mbantu ibu teng dapur.

Baca Juga: 2 Contoh Cerita Liburan Sekolah di Rumah Nenek, Bisa Jadi Referensi untuk Menulis Ceritamu Sendiri!

Kulo mbungkusi jajanan ngangge plastik, banjur nata jajanan teng wadah. Jajanan ingkang sampun ditata, kulo bekta ngajeng, dijejer teng meja teras.

Ibu, mbakyu, lan kulo biasanipun nglayani pelanggan kang tumbas jajajan punika. Menawi dagangane ibu laris, kulo ngerasa bersyukur sanget dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi rezeki. Preian niki ngajari kulo babagan perjuangane ibu bapak nyekapi kebutuhan keluarga.

Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Krama Alus: Ngolah Kebon Wektu Preian

Biasanipun, nalika preian semester bapak ngajak sedaya anggota keluarga liburan wonten ing objek wisata. Nanging, amargi akhir-akhir niki kathah berita kecelakaan teng tempat wisata, bapak mboten ngajak keluarga kesah liburan.

Sanadyan mboten tindak pundi-pundi, kulo tetep ngerasa seneng. Tahun niki mbakyu kulo lulus kuliah pertanian. Rencananipun, mbakyu bakal damel budidaya Lombok. Tujuane inggih menika kangge praktikaken ilmu kuliah ingkanng sampun dijalani.

Kulo mbantu mbakyu ngolah kebon. Pertama-tama, kulo resiki suket ingkang saged gangggu kesuburan taneman lombok. Saklajengipun, lemah kebon dipaculi supados tambah subur.

Mbakyu kulo ugi tumut maculi lemah kebon. Banjur didamel guludan wonten ing kebon. Tujuane supados banyu udan mboten ngembeng teng kebon. Mbakyu kulo banjur nyebar benih lombok wonten ing wadah alit ingkang sampun disiapaken.

Baca Juga: Cerita Liburan Sekolah dalam Bahasa Inggris Beserta Artinya: Making a Play Room at Home

Saksampunipun benihe tumbuh dados bibit, banjur ditandur wonten ing guludan. Mboten kesupen bibite disiram supados tandurane sehat lan tumbuh subur.

Halaman:

Editor: Septyna Feby

Sumber: repositori.kemdikbud.go.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah