Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen

14 Januari 2023, 21:42 WIB
Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa Singkat Menarik, Cocok untuk Tugas Membuat Cerpen /Pexels/Pixabay/

INFOTEMANGGUNG.COM – Artikel ini berisi tentang contoh cerita liburan dalam Bahasa Jawa singkat, menarik, dan lucu. Contoh-contoh cerita liburan sekolah di artikel ini bisa dipakai untuk mengerjakan tugas sekolah khususnya cerpen.

Biasanya, tugas sekolah yang pertama kali diberikan setelah liburan adalah menceritakan kembali apa kegiatan saat liburan. Masalahnya, tidak semua orang memiliki cerita liburan yang menarik. Bisa karena tidak pergi kemana-mana, atau memang tidak ada hal yang menarik sama sekali selama liburan.

Itulah sebabnya, dalam artikel ini akan diberikan contoh cerita liburan dalam Bahasa Jawa singkat dan menarik.

Contoh Cerita Liburan dalam Bahasa Jawa

Dalam artikel ini akan diberikan 2 contoh cerita liburan dalam Bahasa Jawa yang cocok dijadikan bahan mengerjakan tugas sekolah.

1. Denok Masak

Liburan wingi, aku ora lungo menyang ngendi-ngendi. Sakjane aku yo kepingin lungo luar kota ben aku iso madangke mripat lan pikiranku. Nanging, bapak lan ibu jarene ora iso njupuk cuti, dadine aku legowo liburan wingi ora ning ngendi-ngendi.

Senadyan ora ning ngendi-ngendi, ibu kui paham yen aku butuh penyegaran. Mulo kui, ibu ngajak aku belajar masak. Sakjane, aku iki wes iso masak nanging ibu pingin aku luwih prigel meneh.

Aku diajak ibu masak rawon senengane bapak. Aku lagi ngerti yen masak rawon kui ubo rampene semono akehe. Yo ono bawang, brambang, miri, tumbar, jahe, kunir, karo sing iso nggawe ireng duduh, yaiku jenenge kluwek.

Ibu ngajari aku nganggo resep soko simbah mbiyen sing ora tau diowah-owah karo ibu. Daging digodok nganti empuk kiro-kiro patang jam. Terus bumbu-bumbu diulek terus digongso, diwenehi sereh, godong jeruk, lan laos. Tak aduk-aduk, tak icipi, lha kok cemplang.

Wah, opo iyo aku gagal. Wong masak rawon wae kok yo gagal. Ternyata, sing nggawe cemplang kui mau perkorone during tak wenehi uyah. Bareng wes tak wenehi uyah, yo enak tenan.

“Wah, Denok, kok dadi pinter masak, iki? Enak tenan, lho, Nduk. Wes, saiki yen preinan sekolah, belajar masak wae koyo ngene, Nduk. Bapak seneng iki,”

Nyawang bapak telap-telep kok yo bungah atiku. Wes ora popo ora lungo menyang ngendi-ngendi, aku malah entuk ilmu anyar iki. Ilmu masak rawon nganggo resepe simbah.

2. Godeh Pero Mangewunan

Kabeh wong wes ngerti yen senenganku kui wisata kuliner. Yen lungo-lungo, aku ora mentingke blonjo klambi utowo oleh-oleh, aku luwih penting kuliner kui mau.

Ora kudu sing larang, sing murah ning enak yo ora popo. Contone koyo panganan sing siji iki. Sakjane iki panganan biasa, ning embuh kepriye rasane ki iso enak tenan.

Ceritane, aku lagi lungo menyang omahe dulurku sing ning Bojonegoro. Dulurku kui ngerti yen aku bakale golek panganan khas kota Bojonegoro.

Aku diajak kuliner malam ning warung sego sing yen tak sawang ora mbejaji. Warunge cilik, bangunane soko gedek, terus lokasine kui ning pinggir lapangan.

Warung kui ternyata cuma dodol sego lodeh. Aku rodo ragu-ragu, opo iyo sego lodeh ki semono enake. Bakule nyodorke piring isi sego panas digebyur karo duduh lodeh isi terong ijo, kacang panjang, Lombok ijo, lan tempe goreng panas jumlahe loro.

Tak jajal, ternyata tenan. Rasane ki gurih, pedes, ora ngewareki, lan tempene yo gurih. Wah, cocok tenan naliko weteng luwe. Pas wektune mbayar, sego lodeh kui mau regane yo murah. Sak piring cukup limang ewu.

“Eh, lha godeh pero ki mau maksude opo,” pitakonku ning sedulurku

“Maksude, sego lodeh tempe loro, limang ewunan,”

“Ealah… masuuuuuk,”

Nah, itulah tadi contoh cerita liburan dalam Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi ketika diminta untuk menuliskan cerita liburan berbahasa Jawa.***

Disclaimer: INFOTEMANGGUNG.COM tidak mengijinkan artikel dicopy paste atau dilakukan sindikasi dengan alasan apapun.

Editor: Septyna Feby

Sumber: Berbagai Sumber

Tags

Terkini

Terpopuler